Weruh kowe karo dekne
Bisoku amung ndungakne
Mugo langgeng saklawase
Lungamu ninggal kenangan
Tekamu ngirim undangan
Medotne tali katresnan
Yen pancen kuwi dalane
Tak trimo keputusane
Aku tak golek liyane
Sak tenane aku sayang
Jeroning atiku iki wegah kelangan
Tak ikhlasno kowe ilang
Senajan mbiyen kowe wis tau tak sayang
Tresnoku tok sio-sio
Ninggal tatu tembus njeroning dodo
Mugo kowe ora getun
Cekap semanten maturnuwun