Thursday, September 24, 2020

DIDI KEMPOT - BANYU LANGIT

Sworo angin . .
Angin sing ngeridu ati
Ngelingake sliramu sing tak tresnani
Pengen nangis 
Ngetokke eluh ning pipi
Sue ra weruh 
Senajan mung ono mimpi

Ngalemo . . 
Ngalem ning dadaku
Tambanono roso kangen ning atiku
Ngalemo . .
Ngalem ning aku
Ben ra adem kesiram udane ndalu

Banyu langit 
Sing ono nduwur kayangan 
Watu gedhe 
Kalingan mendunge udan
Telesano atine wong sing kasmaran
Setyo janji 
Seprene tansah kelingan

Ademe gunung mrapi purbo
Sing ning langgran wonosari yogyokarto

Janjine  . . . .
lungane ra nganti suwe-suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore 
Janjine . . .
Lungo ra nganti semene suwene
Nganti kapan, tak enteni sak tekane

Udan gerimis, telesano klambi iki
Jroning dodo, ben ra garing ngekep janji
Ora lamis, gedhene nggonku nresnani 
Nganti kapan, aku ora biso lali 

Ademe gunung merapi purbo 
Melu krungu suaramu ngomongke opo
Ademe gunung merapi purbo 
Sing ning langgran wonosari yogjokarto

Janjine  . . . .
lungane ra nganti suwe-suwe
Pamit esuk lungane ra nganti sore 
Janjine . . .
Lungo ra nganti semene suwene
Nganti kapan, tak enteni sak tekane